SEJATINE ENTHUNG
Sumilir angin panase srengenge
Tak rasake ing taman UNY
Wit-witan tinandur akeh jinise
Siji mbaka siji awoh kembange
Lumaku sinambi ngudar pikiran
Kleyang-kleyang godhong ing ngarepan
Godhong pelem gogrog ing pasuketan
Pang-pang wit gumlethak ing plataran
Saka kadohan daksawang dakgatheake
Wujud bunder coklat enom wernane
Dakcedaki jebul enthung arane
Gumandul ngrangsang ing ijo gegodhongan
Enthung ....
Uripmu amung gumanthung
Ing tengah-tengahe godhong kumalungkung
Obah ngawur tanpa ana pethung
Enthung ....
Endi lor endi kidul
Tukmu golek arah dalane kang Maha Agung
Katutup rasa jiwa kang suwung
Kalane mangsa muda kang bambung
Enthung ....
Uripmu mertapa nganthi keliwat mangsa
Rogomu kekurung
Ing njero njingkrung tanpa pitulung
Enthung ....
Patrap lan solahmu du kina
Sakdurunge mbabar elar wujud uler
Nggremet gegodhongan tanpa pekewuh
Selasa, 29 November 2016
Revisi Cerkak
BU GURU
Yen ing kampungku ana jeneng Bu Guru, sing dimaksud mesthi Bu
Warsini garwane Pak Marno. Bu Warsini ora dadi guru, nanging dadi bojone Pak
Marno sing dadi guru SD. Malah Bu Ratmi, Bu Jamilah sing ngasta dadi guru wae
ora tau diundang Guru. Undang-undangane ya mung Bu Ratmi, Bu Jamilah ngono wae.
Semono uga Bu Tarmi lan Bu Kasmi sing kakunge uga ngasta dadi Guru,
undang-undangane ya ora Bu Guru, nanging mung Bu TarmilanBukasmingonowae.
Dadi yen ana wong ngomong Bu Guru, sing dikarepke mesthi Bu Warsini iku. Amarga ing kampungku sing dadi guru dhisik dhewe ya mung Pak Marno sing saiki wis pensiun iku. Senajan Pak Marno wis pensiun, Bu Warsini isih tetep diundang Bu Guru.
Dadi yen ana wong ngomong Bu Guru, sing dikarepke mesthi Bu Warsini iku. Amarga ing kampungku sing dadi guru dhisik dhewe ya mung Pak Marno sing saiki wis pensiun iku. Senajan Pak Marno wis pensiun, Bu Warsini isih tetep diundang Bu Guru.
Njur apa critane Bu Guru, ya Bu Warsini iku? Critane Bu Guru
iku ora duwe anak lanang. Nalika semana, anake lima wadon kabeh. Mangka jaman
saiki anak lima iku ya wis kepetung akeh. Mula Pak Marno tansah ngandhani
marang garwane iku, supaya melu ka-be. Yen manut istilahe Pak Wisnu, ka-be iku
yen dijawakake dadi keluwarga rinancang. Nanging Bu Guru kipa-kipa ora gelem,
amarga isih kepengin duwe anak lanang, Nganti Pak Marno judheg.
“0,
alah Bu, mbok wis trima. Wong anakmu ya wis lima ngono. Mengko yen wis padha
duwe jodho, kowe rak ya duwe anak lanang ta? Senajan mung anak mantu, rak ya
padha wae ta; kuwi ya anakmu.”
“Ya
beda Pak, anak mantu kok karo anak leh mbrejelke dhewe…”
“Bedane
nggon ngendi? Apa yen anak mantu kuwi ora gemati? Akeh lho Bu contone, anak
mantu utawa anak angkat kuwi malah luwih ngerti marang wong tuwa! Coba kae,
Parmanto anak angkate Pak dhe Sastro kae, pendhak sasi sowan nggawa gula teh;
isih oleh-oleh bandeng, endhog; mangka mengko yen mulih isih ninggali dhuwit.
Balik anak-anake, endi sing ngerti karo wong tuwa? Mara pendhak bakda wae
sok-sok ora?!”
“Embuh
gemati embuh ora, ngerti karo wong tuwa apa ora, nanging rasane ora kaya yen
duwe anak lanang dhewe, pak! Bisa dipamerke marang liyan gilo iki anakku sing
lanang sing nggantheng, ah pokoke aku isih kepengin duwe anak lanang!”
“Ya
uwis yen ora kena takkandhani. Wong dieman kok ora kena. Kudune kowe kuwi wis
leren ora nglairake…..”
Aja maneh kok Pak Marno sing bojone Bu Guru, senajan Pak
Ketua RT, Pak Ketua RW, apadene pak Bayan; kabeh padha nganjurake melu ka-be.
Nanging Bu Guru tetep mbeguguk nguthawaton, ora gelem melu kabeh. Pak Marno
ganti pekewuh saben-saben diparani perangkat kelurahan iku. Sidane bojone
direpa-repa.
“Ya
manuta pemerintah ta Bu, melua ka-be….”
“Wegah!
Wegah tenan aku pak! Wong diaturi aku iki isih kepengin duwe anak lanang, kok
dikon ka-be; pokoke aku gemang!”
“Mengko
dhisik ta, aku iki ora malangi kekarepanmu duwe anak lanang, nanging aja
mbangkang dhawuhe pemerintah ngono kuwi….”
“Lha
trus piye, nek ora oleh mbangkang?”
“Daftarna
kabeh nyang Bu Bidan, mengko njupuka pil wae! Mbokpangan pile ya kena, ora ya
kena! Ning ketoke rak wis melu kabe, ngono lho karepku!”
“Dadi
saben sasi mengko aku nyadhong jatah pil?”
“Ha
iya! Bu Bidan rak ngira yen kowe wis melu ka-be tenan.”
“Ya
wis, nek ngono aku ngalah. Ning aku aja mbok peksa melu kabeh tenan lho, Pak!”
“Ora-ora!
Aku ora arep meksa. Kowe melu ka-be temenan kanthi kesadharan, aku malah
seneng, ora arep meksa…:’
Bu
Guru mencep krungu tembunge sing lanang mengkono iku. Sidane Bu Guru daftarake
melu kabeh temenan. Nanging mung ethok-ethokan. Saben sasi nyadhong jatah pil
ka-be ing omahe Bu Bidan. Nanging pil cadhongan iku ora tau dipangan, nanging
mung ditumpuk ing laci mejane. Bu Bidan ngira Bu Guru iku wis melu kabe
temenan. Nyatane nganti wektu nem sasi Bu Guru durung katon ngandheg maneh.
Nanging
sakbubare kuwi, Bu Guru wis ora nyadhong jatahe pil kabe maneh. Malah wis
telung sasi dheweke ora ngaton ing omahe Bu Bidan. Mula Bu Bidan meneng-meneng
mbatin marang Bu Guru. Ya gene garwane Pak Marno iku ora njaluk jatah maneh.
Mula nalika pertemuan PKK, bab iku ditakokake marang Bu Guru.
“Bu
Guru kok sakmenika mboten mendhet jatahipun pil kabe?”
Karo
klimputan Bu Guru wangsulan setengah bisik-bisik. Ngapunten Bu Bidan, kula
kebobolan malih. Kesupen mboten nedha pil tigang dinten, lha kok ngandheg
malih,….”
“Wooo…,ngaten
ta?” Bu Bidan mlenggong semu maido.
“Kula
rumiyin rak sampun matur, menawi kesupen mboten dhahar pil ka-be, pendhak
dintenipun dipundhobeli….”
“Wong
kemutan-kemutan sampun tigang ndinten kok, Bu! Dospundi malih?!
Nanging
Bu Bidan ora arep ndedawa crita, malah batine – priksa karepmu, ora mriksakake
ya sakkarepmu-, akibate mboktanggung dhewe.
Nyatane
sajerone ngandheg sangang sasi Bu Guru mung mriksakake kaping pindho. Mula ora
mokal yen anggone nglairake rada rekasa. Bu Bidan ora saguh nangani.
Sidane Bu
Guru digawa menyang rumah sakit, amarga mung dhokter sing keconggah nangani.
Diinfus
nganti ngentekake pirangpirang botol, parandene bubar nglairake meksa katon
nglentrih tanpa daya amarga kentekan tenaga. Malah kober ora eling barang.
Tujune isih bisa dislametake. Ya mung rada akeh wragad sing kudu diwetokake.
“Putra
njenengan estri,” ngendikane dhokter ngandhani.
Sing
dikandhani ora wangsulan. Mripate kethap-kethip. Ngertia yen anake iku bakal metu
wadon maneh, athuka dheweke rak melu ka-be temenan, ora ethokethokan kaya dhek
emben. Bu Guru gegetun, nanging wis kebacut.
Sidane
kanthi kesadharan dheweke njaluk disteril pisan. Bu Guru lagi pasrah marang
panguasane Sing Maha Kuwasa sing nakdirake dheweke ora duwe anak lanang. Bu
Guru wis bisa mupus.
Saiki
pepenginane duwe anak lanang genti malih dadi kepengin duwe putu lanang, amarga
anake mbarep wis omah-omah taun kepungkur. Mula pepenginane iku dikandhakake
marang Ndari sing cekel gawe dadi guru SD.
“Aku
wis trima kok Ndhuk ora diparingi anak lanang! Ning muga-muga wae anakmu mbarep
iki mbesuk metu lanang…”
“Ah,
Ibuu….’ wong kula kepengine anak estri kok!”
“Sebabe?”
“Ha inggih, anak estri menika umumipun mboten nakal. Umur nem taun sampun saged dipunkengken…Yen anak lanang?”
“Ha inggih, anak estri menika umumipun mboten nakal. Umur nem taun sampun saged dipunkengken…Yen anak lanang?”
“Nanging
ora kaya nek anak wadon duwe, anak lanang ya duwe. Gandheng anakku nenem wis
wadon kabeh, sirku anakmu kuwi tak suwun metua lanang; ngono lho!”
“Ha-ha-haa,
Ibu ki aneh! Wong kula sing arep diparingi momongan, kok njenengan sing
nyuwun!”
“Witikna,
anak nenem wadon kabeh;lumrah ta nek njur kepengin putu lanang?”
“Nggih
mugi-mugi kadumugen kepengin panjenengan, Bu!”
Ndari
– mbarepe Bu Guru iku – ngalahi rembug. Nanging batine tetep kepengin duwe anak
wadon.
Temenan.
Bareng jabang bayi lair, jebul metu wadon. Ndari rumangsa lega dene anake
mbarep metu wadon temenan. Kosok baline Bu Guru sing mbrabak arep nangis.
Kaningaya temen uripku! Kepengin duwe anak lanang ora klakon, ngarep-arep putu
lanang, jebul malah wadon maneh.
Putune
Bu Guru wis umur telung taun. Wong wadon iku gemati banget marang putune iku.
Senajan wadon, rasane beda momong anak karo momong putu. Seminggu wae ora weruh
putune, mesthi wis mara niliki. Malah nganti kepara nglalekake marang anak-anak
liyane. Kala mangsane padha diece dening anak-anake.
“Ibu
ki jare ora seneng putu wadon, ewadene kok kaya ora ana dina gothang, mesthi
niliki putune….” ature anake ragil.
“Hus,
kowe kuwi durung ngrasakake duwe putu, coba mbesuk yen wis diundang Mbah
kakung, rasakna!”
Yen
wis ngrembug prekara putu, banjur mrembet-mrembet tekan ngendi-endi. Pak Marno
barang sok melu nimbrung rembug. Geguyonan ngono iku dadi kerep kedadeyan. Bu
Guru dikroyok anak-anake lan bojone. Malah Pak Marno sing pinter dhewe mbebeda.
“Yen
manut ramalanku, anake Ndari sing nomer loro iki metu lanang bakale. Kowe
nadhzar apa, Bune?” kandhane Pak Marno.
“Embuh
Pak, ora nggagas putu lanang! Wedok ya ben, lanang ya ben!” wangsulane Bu Guru
nyenthe-nyenthe, jalaran rumangsa dibebeda dening bojone.
“Wong
ditakoni apik-apik, kok wangsulane kaya ngono ”
Sauntara iku ana
nom-noman mudhun saka sepedha motor, sajake kongkonane Ndari anake wadon. Mlebu
ngomah langsung kandha.
“Nyaosi
priksa, Mbak Ndari babaran!”
“Hah,
Ndari nglairake, lanang pa wadon?”
“Jaler!”
Krungu
anake Ndari lanang, sakala Bu Guru lunjak-lunjak karo nangis ngguguk. Lagi iki
pepenginane duwe putu lanang kelakon.*
Tembung Pilihan Objek Enthung
OBJEK : ENTHUNG
A)
Tembung Aran
- Enthung -Godhong
Ijo -Kembang -uler -benalu
- Srengenge -Godhong
nom -Sawang -kinjeng -lemah
-Wit pelem -Pang
cilik -Semut -walang -tlutoh garing
-Wit jambu -Pang
gapuk -Kroto -lumut -godhong garing
-Wit ketapang -Pang enom -Semut ireng -kupu-kupu godhong krowak
-Tong sampah -krikil -kayu -oyot -Jangkrik
-semut geni -watu -runtah -kulit wit -sawiyah
-semut angkrang -tlutoh -laler -paku -undur-undur
-pasir -gagang nom -walang -monggo -kroto
-suket -omah semut -gagang
ijo -susuh -kalanjono
B)
Tembung Kriya
-meneng -midun -nyaplok
-obah -nemplok -nyawang
-mencok -nyusuh -nyunggi
-mabur -awoh -nyedak
-nggremet -mlaku -ngiber
-kabur -ngadek -mubeng
-nleser -njingkrung -gogrog
-nggandhul -mlumpat -mentiyung
-munggah -mangan -nggawa
-gumandul -ngombe -ngrangsang
C)
Tembung Kaanan
-ijo nom -ireng -suwung -endah
-ijo tua -dhuwur -bakoh -tipis
-coklat -akeh -jejeg -rusak
-garing -putih -krowak -gedhe
-teles -bunder -eyup -cilik
Minggu, 16 Oktober 2016
Cerkak Bahasa Jawa
Kabeh Amarga Malam Tirakatan HUT RI
Esuk iki srengenge nyunar padhang. Aku buka jendela kamarku hawane seger marai semangat. Kurang
luwih sekitar 10 menit aku mlongo neng ngarep jendelaku. Tanpa eling aku ndomblong.
Dumadakan angenanku buyar saka bengokan ibuku sing nyeluk aku supaya
cepet metu kamar, adus, sarapan lan mangkat menyang sekolah. “Nduk, ndang tangi lak adus, sarapan, budhal sekolah ! Ibu
wis gawe sega goreng.” Bengok Ibuku saka pawon.
Aku langsung adus nganggo salin seragam sekolah. Saben esuk aku ngrungokake bengokan Ibuk sing mangkono, amarga saben esuk aku seneng lungguh ndomblong neng ngarep jendela. Dina-dina aku nuleni
sabaenene. Ning kanggo esuk iki rasane ana sing seje. Kabeh iki amarga
sedhela meneh arep ana lomba HUT RI.
Sakwise mulih sekolah, aku mangan lan nggarap kabeh tugas
sekolah. Sekitar jam 19.00, aku lunga tumuju Balai Desa kanggo rapat
panitia HUT RI. Wektu kuwi aku klebu salah siji anggota organisasi
kesebut. Tekan kono wis akeh wong sing teka klebu Dwi tonggo cerakku. Aku lungguh ning sisih kiwane Dwi.
Rapat diwiwiti. Ana perlombaan,
hiburan, lan sapanunggale. Perlombaann uga wis ora ana sing asing krungu. Kaya
panjat debog , balap karung, kelereng, joget balon, pecah air , lan sapanunggale. Rencana acara kanggo hiburan
diserahke marang panitia kanggonan hiburan salah sijine aku.
Acara hiburan ditindakake wektu Malam Tirakatan HUT RI. Hiburan salah sijine pentas musik saka pemuda RT 04 lan Orkes Campursari Dangdut saka Revansa. Para panitia uga nunjuk aku supaya aku gelem nyumbang lagu ing acara malam tirakatan. Aku manthuk-manthuk manut. Ora akeh rembugan , rapat ditutup tepat gebug
21.00.
Ora krasa dina iki yaiku udhar 17 agustus, kabeh rangkaian acara sing wis disusun adoh dina kelakon karo sukses. Warga sapanggon kedelok antusias, kabeh wong neng daerahku melu mawa jero acara kesebut. Lomba 17an isoh rampung sedino nutuk kanthi gancar. Ganti dina, acara malam tirakatan.
Ora krasa dina iki yaiku udhar 17 agustus, kabeh rangkaian acara sing wis disusun adoh dina kelakon karo sukses. Warga sapanggon kedelok antusias, kabeh wong neng daerahku melu mawa jero acara kesebut. Lomba 17an isoh rampung sedino nutuk kanthi gancar. Ganti dina, acara malam tirakatan.
Acara dipungkasi kanthi doa, sambutan, isi acara, hiburan lan penutup. Ing acara hiburan iku acarah dangdsing tak tunggu. Aku wis kulina nyanyi campursari apa meneh dangdut. Aku nyanyi 3 lagu lan isoh gawe para tamu uga pemuda Rancah Wetan seneng. Aku kaget, pas aku nyanyi aku dicedhaki priyayi kakung lan ngulungi amplopan. Jebul priyayi kuwi remen karo suaraku lan aku diwenehi amplopan. Ora mung wong siji, lagu sak bare yo diulungi duit. Idep idep dinggo sangu sekolah.
Kabeh kui amarga Malam Tirakatan.
Rabu, 05 Oktober 2016
Jinis Seratan
NAMA
:GABRIELLA IRAWATI P
NIM :15205241002
KELAS
:PBD A 2105 UNY
JINISING
SERATAN
Jinisipun seratan inngih menika :
1.
Persuasif
Persuasif inggih menika seratan
ingkang ancasipun saged dadosaken pamaos sarujuk saha saged dherek utawi
nglampahi menapa ingkang dados pendapatipun panyerat.
Tuladhanipun :
Praktik
pidato iku gedhe banget mupangate. Saben praktik pidato iku mesthi duweni
pengalaman kang paling nyengsemake ati. Saya kulina anggone praktik pidato,
mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin
kang diduweni. Saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara - cara pidato
sing efektif lan nyenengake. Saya akeh daya pikat kang ditemokake lan saya
kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos. Wis ora mokal maneh yen
praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya diri. Yen rasa
percaya diri mau wis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana
godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal
pisanan kanggo nggayuh keberhasilan pidato. Mula supaya mahir lan trampil
pidato, panjengan kudu nglakoni praktik pidato.
2. Argumentasi
Argumentatif inggih menika seratan
ingkang saged narik kawigatosanipun pamaos supados tiyang ingkang maos sarujuk
kaliyan panyeratipun.
Tuladhanipun :
NARKOBA
Narkoba
yaiku singkatan saka Narkotika lan jamu berbahaya. Kajaba “Narkoba”, bebasan
liya sing dikenalake saka Departemen Kesehatan Republik Indonesia
yaiku NAPZA yaiku singkatan saka Narkotika, Psikotropika, lan Zat Adiktif.
Narkoba bisa marakne ketergantungan (adiksi) fisik lan psikologis.
Narkoba utawa NAPZA, sejatine zat sing umume nduweni resiko
kecanduan kanggo sing nganggo. Dampak sing paling fatal saka penyalahgunaan
narkoba yaiku over dosis sing ngakibatke tiwas.
Padahal
narkoba sing dikonsumsi terus terusan kanthi dosis sing ora padha bisa marakne
rusake organ awak (kaya jantung, paru-paru, ati, ginjal, sistem saraf otak)
sing mestine bisa ngrusak uripe remaja kesebut. Bangsa iki bisa kelangan remaja
sing akeh banget akibat penyalahgunaan narkoba lan anane penyakit
HIV/AIDS. Upaya nyegah penyebaran narkoba ing kalangan pelajar, wis
sabecike dadi tanggung jawab awake dhewe kabeh. Data saka Badan Narkotika
Nasional (BNN) nganti taun 2008 wae cacah pangguna narkoba ing Inonesia ana 3,2
yuta wong. Saka cacah iki 32% yaiku pelajar karo mahasiswa.
Aja tau
gelem nyoba narkoba, amarga iku bisa ngrusak awak lan uripmu. Merga narkoba,
urip isin mati ya isin.
3. Ekspresif
Ekspresif
inggih menika seratan ingkang ancasipun ngandharaken menapa ingkang
dipunraosaken dening pengarang.
Tuladhanipun
:
Ing daleme
simbah
Badha
niki kula sakaluarga badhe tindak mudik ing griyane simbah ing Kaloran ,
Temanggung. Saking Semarang amung kalih jam perjalanan mawon, kula tindak mrika
nitih sepeda motor lan dateng mrika dinten minggu. Senen ndalu ing
lataripun simbah. kathah mercon ingkang werna - werni jenise dipunsumet,
lan mbledos ing langit. Seneng ingkang nyawang mercon punika nanging
uninepun marai kaget simbah ingkang pun sepuh sanget.Ngantos tangganipun simbah
kula ingkang lagi gerah medhal lan nyrengeni pakdhe kula kang tesih nyumet
mercon wau. Dinten selasa enjing kula lan adhi kula badhe sepedhaan,
manawi mboten ngertos dalanipun , kula ngajak ibu lan bapak kula kangge mlampah
- mlampah , nanging kula lan adhi kula nitih pit.
Ing
sepanjang dalan kula pados ningali pemandangan ingkang kathah kabut,
kebonan nalika kula nyawang kali kula ningali bebek – bebek padha renang
bebarengan.Ampun bebekipun lucu sanget buntutipun megal – megol ing toya ingkah
tesih bening ing kali sembong aranipun. Ingkang ngandapipun kali sembong wonten
sawah, kula lan adhi kula dados kepingin irsani sawah saking cedak ,
manawi ing nduwur sawah punika wonten pancuran ingkang banyunipun asli mata
air. Saking senengepun kula ampun kejeblos ing pancuran punika amarga lunyu
sanget. kula lan kaluarga sempentaken foto – foto ing mrika, amargi pamandanganipun
sae sanget.
4.
Informatif
Informatif
inggih menika seratan ingkang ancasipun nedahaken informasi utawi katrangan
utawi pawarta kangge pamaos.
Tuladhanipun
:
LELAYU
Assalamuallaikum
wr,wb.
Innalillahi
wainna illaihi roji’un 3x
Ngaturi uninga
bilih dinten menika (Selasa Wage surya kaping 30 September 2016) MBAH MARTONO sampun kapundhut tillah rohmatillah. Mbok
bilih para sedherek/saudhara hanggadhahi wekdal kula aturi takziah wonten
dalemipun MBAH NASI. RT05 RW 01 dusun Gebog Kembang. Dene jenazahipun samangke
kasarekaken tabuh 11.00 siyang ing
pasareyan umum desa Kembang. Matur nuwun.
Wassalamuallaikum wr, wb.
5. Estetis
Estetis inggih menika seratan
ingkang ancasipun nedahaken kaendahan amargi tembung-tembungipun dipuntata.
Tuladhanipun :
Klobot
Pancen ya abot
Wong seneng wani ngotot
Jerune kaditemah ngowot
Mlaku sleyat-sleyot
Nututi peleme selak dipangan codhot
Pancen ya abot
Wong seneng wani ngotot
Jerune kaditemah ngowot
Mlaku sleyat-sleyot
Nututi peleme selak dipangan codhot
Geguritan
menika kalebet seratan estetis amargi tetembunganipun ngemu purwakanthi swara
satemah basanipun endah.
6. Ekposisi
Ekposisi
inggih menika seratan ingkang ancasipun maparaken, njlentrehaken (
menjelaskan), ngaturaken informasi sawijining bab tanpa didhasari supados pamaos saged
nampi. Seratan ekposisi dipunginakaken
kangge mbabaraken kawruh,langkah - langkah sawijining kagiyatan, metode, cara,
kaliyan proses dumadinipun sawijining prastawa utawi bab.
Tuladhanipun :
Mendhem Ari-ari
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum
diselenggaraake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari
iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng jero rahim.
Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing).
Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa
sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga misale enggon
kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki
dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi.
Senthir iki dinyala'ake nganti 35 dina
(selapan).Ari-ari dikumbah nganti resik dilebo'ake neng kendhi utawa bathok
kelapa. Sedurung ari-ari dilebo'ake, alas kendhi diwei godhong senthe banjur
kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi
banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi penguburan. Lokasi penguburan
kendhi kudhu neng sisi tengen pintu utama umah. Sing mendhem kendhi kudhu bapak
kandung bayi.
Langganan:
Postingan (Atom)