SEJATINE ENTHUNG
Sumilir angin panase srengenge
Tak rasake ing taman UNY
Wit-witan tinandur akeh jinise
Siji mbaka siji awoh kembange
Lumaku sinambi ngudar pikiran
Kleyang-kleyang godhong ing ngarepan
Godhong pelem gogrog ing pasuketan
Pang-pang wit gumlethak ing plataran
Saka kadohan daksawang dakgatheake
Wujud bunder coklat enom wernane
Dakcedaki jebul enthung arane
Gumandul ngrangsang ing ijo gegodhongan
Enthung ....
Uripmu amung gumanthung
Ing tengah-tengahe godhong kumalungkung
Obah ngawur tanpa ana pethung
Enthung ....
Endi lor endi kidul
Tukmu golek arah dalane kang Maha Agung
Katutup rasa jiwa kang suwung
Kalane mangsa muda kang bambung
Enthung ....
Uripmu mertapa nganthi keliwat mangsa
Rogomu kekurung
Ing njero njingkrung tanpa pitulung
Enthung ....
Patrap lan solahmu du kina
Sakdurunge mbabar elar wujud uler
Nggremet gegodhongan tanpa pekewuh
Tidak ada komentar:
Posting Komentar