Minggu, 16 Oktober 2016

Cerkak Bahasa Jawa

Kabeh Amarga Malam Tirakatan HUT RI 

Esuk iki srengenge nyunar padhang. Aku buka jendela kamarku hawane seger marai semangat. Kurang luwih sekitar 10 menit aku mlongo neng ngarep jendelaku. Tanpa eling aku ndomblong.
Dumadakan angenanku buyar saka bengokan ibuku sing nyeluk aku supaya cepet metu kamar, adus, sarapan lan mangkat menyang sekolah. “Nduk, ndang tangi lak adus, sarapan, budhal sekolah ! Ibu wis gawe sega goreng.” Bengok Ibuku saka pawon.
Aku langsung adus nganggo salin seragam sekolah. Saben esuk aku ngrungokake bengokan Ibuk sing mangkono, amarga saben esuk aku seneng lungguh ndomblong neng ngarep jendela. Dina-dina aku nuleni sabaenene. Ning kanggo esuk iki rasane ana sing seje. Kabeh iki amarga sedhela meneh arep ana lomba HUT RI.

Sakwise mulih sekolah, aku mangan lan nggarap kabeh tugas sekolah. Sekitar jam 19.00, aku lunga tumuju Balai Desa kanggo rapat panitia HUT RI. Wektu kuwi aku klebu salah siji anggota organisasi kesebut. Tekan kono wis akeh wong sing teka klebu Dwi tonggo cerakku. Aku lungguh ning sisih kiwane Dwi.
Rapat diwiwiti. Ana perlombaan, hiburan, lan sapanunggale. Perlombaann uga wis ora ana sing asing krungu. Kaya panjat debog , balap karung, kelereng, joget balon, pecah air , lan sapanunggale. Rencana acara kanggo hiburan diserahke marang panitia kanggonan hiburan salah sijine aku.
Acara hiburan ditindakake wektu Malam Tirakatan HUT RI. Hiburan salah sijine pentas musik saka pemuda RT 04 lan Orkes Campursari Dangdut saka Revansa. Para panitia uga nunjuk aku supaya aku gelem nyumbang lagu ing acara malam tirakatan. Aku manthuk-manthuk manut. Ora akeh rembugan , rapat ditutup tepat gebug 21.00.

Ora krasa dina iki yaiku udhar 17 agustus, kabeh rangkaian acara sing wis disusun adoh dina kelakon karo sukses. Warga sapanggon kedelok antusias, kabeh wong neng daerahku melu mawa jero acara kesebut. Lomba 17an isoh rampung sedino nutuk kanthi gancar. Ganti dina, acara malam tirakatan.
Acara dipungkasi kanthi doa, sambutan, isi acara, hiburan lan penutup. Ing acara hiburan iku acarah dangdsing tak tunggu. Aku wis kulina nyanyi campursari apa meneh dangdut. Aku nyanyi 3 lagu lan isoh gawe para tamu uga pemuda Rancah Wetan seneng. Aku kaget, pas aku nyanyi aku dicedhaki priyayi kakung lan ngulungi amplopan. Jebul priyayi kuwi remen karo suaraku lan aku diwenehi amplopan. Ora mung wong siji, lagu sak bare yo diulungi duit. Idep idep dinggo sangu sekolah.
Kabeh kui amarga Malam Tirakatan.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar