NAMA
:GABRIELLA IRAWATI P
NIM :15205241002
KELAS
:PBD A 2105 UNY
JINISING
SERATAN
Jinisipun seratan inngih menika :
1.
Persuasif
Persuasif inggih menika seratan
ingkang ancasipun saged dadosaken pamaos sarujuk saha saged dherek utawi
nglampahi menapa ingkang dados pendapatipun panyerat.
Tuladhanipun :
Praktik
pidato iku gedhe banget mupangate. Saben praktik pidato iku mesthi duweni
pengalaman kang paling nyengsemake ati. Saya kulina anggone praktik pidato,
mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin
kang diduweni. Saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara - cara pidato
sing efektif lan nyenengake. Saya akeh daya pikat kang ditemokake lan saya
kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos. Wis ora mokal maneh yen
praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya diri. Yen rasa
percaya diri mau wis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana
godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal
pisanan kanggo nggayuh keberhasilan pidato. Mula supaya mahir lan trampil
pidato, panjengan kudu nglakoni praktik pidato.
2. Argumentasi
Argumentatif inggih menika seratan
ingkang saged narik kawigatosanipun pamaos supados tiyang ingkang maos sarujuk
kaliyan panyeratipun.
Tuladhanipun :
NARKOBA
Narkoba
yaiku singkatan saka Narkotika lan jamu berbahaya. Kajaba “Narkoba”, bebasan
liya sing dikenalake saka Departemen Kesehatan Republik Indonesia
yaiku NAPZA yaiku singkatan saka Narkotika, Psikotropika, lan Zat Adiktif.
Narkoba bisa marakne ketergantungan (adiksi) fisik lan psikologis.
Narkoba utawa NAPZA, sejatine zat sing umume nduweni resiko
kecanduan kanggo sing nganggo. Dampak sing paling fatal saka penyalahgunaan
narkoba yaiku over dosis sing ngakibatke tiwas.
Padahal
narkoba sing dikonsumsi terus terusan kanthi dosis sing ora padha bisa marakne
rusake organ awak (kaya jantung, paru-paru, ati, ginjal, sistem saraf otak)
sing mestine bisa ngrusak uripe remaja kesebut. Bangsa iki bisa kelangan remaja
sing akeh banget akibat penyalahgunaan narkoba lan anane penyakit
HIV/AIDS. Upaya nyegah penyebaran narkoba ing kalangan pelajar, wis
sabecike dadi tanggung jawab awake dhewe kabeh. Data saka Badan Narkotika
Nasional (BNN) nganti taun 2008 wae cacah pangguna narkoba ing Inonesia ana 3,2
yuta wong. Saka cacah iki 32% yaiku pelajar karo mahasiswa.
Aja tau
gelem nyoba narkoba, amarga iku bisa ngrusak awak lan uripmu. Merga narkoba,
urip isin mati ya isin.
3. Ekspresif
Ekspresif
inggih menika seratan ingkang ancasipun ngandharaken menapa ingkang
dipunraosaken dening pengarang.
Tuladhanipun
:
Ing daleme
simbah
Badha
niki kula sakaluarga badhe tindak mudik ing griyane simbah ing Kaloran ,
Temanggung. Saking Semarang amung kalih jam perjalanan mawon, kula tindak mrika
nitih sepeda motor lan dateng mrika dinten minggu. Senen ndalu ing
lataripun simbah. kathah mercon ingkang werna - werni jenise dipunsumet,
lan mbledos ing langit. Seneng ingkang nyawang mercon punika nanging
uninepun marai kaget simbah ingkang pun sepuh sanget.Ngantos tangganipun simbah
kula ingkang lagi gerah medhal lan nyrengeni pakdhe kula kang tesih nyumet
mercon wau. Dinten selasa enjing kula lan adhi kula badhe sepedhaan,
manawi mboten ngertos dalanipun , kula ngajak ibu lan bapak kula kangge mlampah
- mlampah , nanging kula lan adhi kula nitih pit.
Ing
sepanjang dalan kula pados ningali pemandangan ingkang kathah kabut,
kebonan nalika kula nyawang kali kula ningali bebek – bebek padha renang
bebarengan.Ampun bebekipun lucu sanget buntutipun megal – megol ing toya ingkah
tesih bening ing kali sembong aranipun. Ingkang ngandapipun kali sembong wonten
sawah, kula lan adhi kula dados kepingin irsani sawah saking cedak ,
manawi ing nduwur sawah punika wonten pancuran ingkang banyunipun asli mata
air. Saking senengepun kula ampun kejeblos ing pancuran punika amarga lunyu
sanget. kula lan kaluarga sempentaken foto – foto ing mrika, amargi pamandanganipun
sae sanget.
4.
Informatif
Informatif
inggih menika seratan ingkang ancasipun nedahaken informasi utawi katrangan
utawi pawarta kangge pamaos.
Tuladhanipun
:
LELAYU
Assalamuallaikum
wr,wb.
Innalillahi
wainna illaihi roji’un 3x
Ngaturi uninga
bilih dinten menika (Selasa Wage surya kaping 30 September 2016) MBAH MARTONO sampun kapundhut tillah rohmatillah. Mbok
bilih para sedherek/saudhara hanggadhahi wekdal kula aturi takziah wonten
dalemipun MBAH NASI. RT05 RW 01 dusun Gebog Kembang. Dene jenazahipun samangke
kasarekaken tabuh 11.00 siyang ing
pasareyan umum desa Kembang. Matur nuwun.
Wassalamuallaikum wr, wb.
5. Estetis
Estetis inggih menika seratan
ingkang ancasipun nedahaken kaendahan amargi tembung-tembungipun dipuntata.
Tuladhanipun :
Klobot
Pancen ya abot
Wong seneng wani ngotot
Jerune kaditemah ngowot
Mlaku sleyat-sleyot
Nututi peleme selak dipangan codhot
Pancen ya abot
Wong seneng wani ngotot
Jerune kaditemah ngowot
Mlaku sleyat-sleyot
Nututi peleme selak dipangan codhot
Geguritan
menika kalebet seratan estetis amargi tetembunganipun ngemu purwakanthi swara
satemah basanipun endah.
6. Ekposisi
Ekposisi
inggih menika seratan ingkang ancasipun maparaken, njlentrehaken (
menjelaskan), ngaturaken informasi sawijining bab tanpa didhasari supados pamaos saged
nampi. Seratan ekposisi dipunginakaken
kangge mbabaraken kawruh,langkah - langkah sawijining kagiyatan, metode, cara,
kaliyan proses dumadinipun sawijining prastawa utawi bab.
Tuladhanipun :
Mendhem Ari-ari
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum
diselenggaraake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari
iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng jero rahim.
Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing).
Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa
sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga misale enggon
kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki
dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi.
Senthir iki dinyala'ake nganti 35 dina
(selapan).Ari-ari dikumbah nganti resik dilebo'ake neng kendhi utawa bathok
kelapa. Sedurung ari-ari dilebo'ake, alas kendhi diwei godhong senthe banjur
kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi
banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi penguburan. Lokasi penguburan
kendhi kudhu neng sisi tengen pintu utama umah. Sing mendhem kendhi kudhu bapak
kandung bayi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar